Saturday, April 28, 2018

Lirik Lagu Bojo Simpenan - Nella Kharisma

Judul lagu: Bojo Simpenan
Artis: Nella Kharisma
Pencipta lagu: Yonanda NDX A.K.A
Label: Sakura Records

Bojo Simpenan

Ning ngisor sorot rembulan ing wengi iki
Tak gantungke tresnoku kang tulus suci
Senadyan aku dudu kang nomer siji
Roso keukir sajroning ati

Sampun lemah manah anggonku tresno ro kowe
Susah seneng seng tak rasakke embuh piye akhire
Ngalahake welas asih andum aning kroso kerih
Andhap asor ngumpet tangis tresno iki ora pamrih

Selir angin segoro nggugah atiku
Karang gedhe ing tengah laut nguatke atiku
Tansah tak genggem kenceng, ra bakal tak uculke
Amergo sucining tresno namung kanggo kowe

Hasil eluh kang netes sing dadi seksi loro lan cidro
Nanging gedhe asmoro tetep ora bakal aku lungo

Madep mantep tresno mung kanggo sliramu kang mas
Ra bakal biso pindah ing ati liyo
Senadyan aku mung bojo simpenanmu
Nanging atiku ora bakal mlayu

Tak sungging esemanku saben ketemu sliramu
Tak suntak kabeh isi kang ono neng atiku
Aku ngerti ora gampang yen dadi bojo simpenan
Namung pasrah lan mugi gusti paringi dalan

Ora peduli sepiro anggonku ngenteni
Sewu wulan sewu tahun bakal tak larungi
Mergo sampeyan kadung urip ono ning ati
Roso tetep jumeneng nggo kowe tekanku mati

Hasil eluh kang netes sing dadi seksi loro lan cidro
Nanging gedhe asmoro tetep ora bakal aku lungo

Madep mantep tresno mung kanggo sliramu kang mas
Ra bakal biso pindah ing ati liyo
Senadyan aku mung bojo simpenanmu
Nanging atiku ora bakal mlayu

Madep mantep tresno mung kanggo sliramu kang mas
Ra bakal biso pindah ing ati liyo
Senadyan aku mung bojo simpenanmu
Nanging atiku ora bakal mlayu

Madep mantep tresno mung kanggo sliramu kang mas
Ra bakal biso pindah ing ati liyo
Senadyan aku mung bojo simpenanmu
Nanging atiku ora bakal mlayu

1 comment:

  1. Casino Near Me - Mapyro
    This property has 김포 출장안마 5 total งานออนไลน์ rooms and 9 on-site restaurants, plus 4 과천 출장안마 unique on-site eateries (5,716 rooms and 제천 출장안마 3,800 square feet of retail space), 파주 출장마사지

    ReplyDelete